Ngelu tenan

Mbuh merga apa, tangi turu mau kok krasane sirahku ab(u)ote ra karuan. Malah kayane, kaya iklan levi's, sirahku dijiret dhadhung, trus ditarik kiwa tengen (rada overbodig ja). Tapi ya kira kira ngono kuwi. Mulane njur tak lumahke maneh. Njur kebablasen turu maning. Mau bengi aku ngombe antibiotik, sakdurunge turu.

Saiki wis ra patiyo mumet, mung yo pancen, yen mengo ki kudu dihayati ngono lho. Yen gerak cepet ki kok njur isi ndhas katut obah kabeh rasane... Jan jane, kabeh lelaran ora ana sing sepele. Ojo mbayangke kanker lan kanca kancane. Lah ya, mulane ki kok seneng banget yen isa sehat, ora gatelen, ora duwe borok, ra lara untu, ora mumet ...

3 Reageren op “Ngelu tenan”

  1. # Anonymous Anoniem

    ora ngerti toh =P  

  2. # Anonymous Anoniem

    Wis dadi nang dokter prancis iku ora ? opo nang dokter londo ? kog melas tenan ya kondisimu, opo kowe rada overdrijven nulise hehehe, btw, iki aku gado2 wae ngomonge, soale jawaku pisan jawa suroboyo jadi rada kurang pas ngono sama mas paul yang sopan santun hehehe, mestine awa'e dewe kudu akeh ngomong jowo biar ndak lali gitu, be'e situ mumet gara2 keakehan ngomong londo sama ngapalin ayat juridis, wis yo, aku melu mumet iki...  

  3. # Anonymous Anoniem

    Loh, kok ora ngerti toh? :)) mangga dilanjut kethoprakan ...  

Een reactie posten



XML


Edit halaman ini (Anda punya izin) Edit halaman ini (jika Anda punya izin) |